Cerpen|- Ilengo Sing Luweh Utomo


      Dino iku bocah-bocah lanang kelas XII-MIA-4 podo sumringah,amergo even kang dienten-enteni tumeko.Sekolah Ngadakne game E-Sport Mobile Legend gawe mengeti HUT SMAN 1 PACE kang ke-15.Ferdi,Rizky,Diar,Eka,lan,Fauzi sepakat muleh sekolah podo ngrembug babagan lomba E-Sport menyang omahe Fauzi.
"Ayo cah podo mlebu kabeh"(Fauzi)
Banjur bocah2 podo mlebu nang omahe Fauzi.
"Wes ndang podo lungguh kono sek,tak gaekno ngombe"(Fauzi)
Fauzi ngaekno ngombe,cah-cah podo ngawiti omongan.
"Piye ki Rencanane gawe lomba,Awadewe cah 5 ki sido melu tenan to "(Diar)
"Yo sido lah,lha nang kene ki niate nangpo"(Ferdi)
"Layo mbuh wi diar,wes kadung susah2 rene kok"(Rizky)
"Laiyo opo ki rencanane?"(Diar)
"Pisanan awadewe kudu ngunggahne rank sek,gengsino rank e ecek2"(Eka)
"Iyo bener kuwi,mosok melu even gede kyok ngeneki rank e awedewe jek rank cilikan "(Ferdi)
"Opo maneh ki musuh bocah2 sak SMA,mesti prestise duwur ki.Setuju aku karo usulmu Ka"(Rizky)
"Opo ki rame2 "(Fauzi)karo ngowo jajan lan es teh.
"Wah,panganan teko.Sikat!(Ferdi)
banjur liane melok2.
"Kepriye dadine ki langkah awale awaedewe "(Fauzi)
"Saben dino sabtu lan minggu awaedewe kumpul,latihan plus ngunggahne rank.Nek iso pas nganggur per bocah wajib ngusahakne munggahno rank e dewe2"(Eka)
"Ok,dadi kabeh podo setuju yo karo usule Eka.Yowes nak ngunu rembugane cukup sampek sakmene yo,iki yowes sore.Yoh gek podo mbalek"(Diar)
Banjur bocah2 mau mbalek nang omahe dewe2,sak bare perkumpulan kuwi,bocah 5 mau sruegep latihan game mobile legend,gawe ngunggahno rank lan persiapan lomba.

Nanging sregep dolanan game bocah 5 mau ora diimbangi karo sregepe sinau.Padahal lombane game online kuwi isih 2 wulan nkas sakbare ujian akhir semester 1.malahan ujian Akhir semester 1 waktune kurang sedelut nkas,kurang 1.5 wulan nkas.Ndelok kelakuane bocah lanang2 sing males2san sinau Eli lan kanca-kancane bocah wadon liane podo ngilengne supaya bocah lanang2 mau iso ngatur waktu.
"Cah,awadewe kudu bertindak.Ojo sampek cah lanang2 kuwi keblinger.Latihan game online sregep,tapi sinaune di lalekne"(Eli)
"Iyo bener el,tapi piye carane?cah lanang2 wes ambisi pengen menangne lomba kuwi"(Lisa)
"Alah pokok awedewe kudu iso,ngesakno nek bijine cah lanang2 iku elek goro2 keblinger latihan game online kuwi"(Eli)
"Iyo bener el,aku setuju.mendeng langsung di omongi saiki ae cah lanang2 el"(Rara)
"Iyo,mendeng parani ae saiki,nang bangkune kono"(Riri)
"Ayo budak!"(Eli)
Banjur Eli lan sak kanca2ne ngomongi cah lanang2 sing isih latihan game online pas jam pelajaran kosong.
"Heh,awakmu kabeh cah lanang2.Jam kosong diwei tugas,bukane digarap malah hapenan ae"(Eli)
"Yo ben to,emange nangpo "(Ferdi)
"Emange nangpo-Emange nangpo,wengko nek bijimu elek pas ulangan piye.Opo awakmu kabeh ora ngesakno wong tuamu"(Rara)
"Iyo we ki wes di sekolahno,ra bersyukur.Akeh wong sing pengen sekolah ra keturutan,awakmu kabeh sing disekolahano malah ra tenanan"(Lisa)
"Alah urusane dewe2,penting ora nganggu kepentingan umum"(Diar)
"Wes-wes ndang ngaleh kono"(Eka)
"Woooo,iyo titenono nek bijimu elek pas unggah2an.Aku sakdermo konco sing isih sayang mbek awakmu kabeh mung iso ngelengne,dene resikone tanggungen dewe "(Eli)
"Wes,Ngaleh kono.Nang kene raenek Zona Baper yo"(Ferdi)
Banjur Eli lan kanca-kancane ngaleh ninggalno cah lanang2.Welingane Eli lan kanca-kancane gagal.Dheweke pasrah,wes ora gelem ngelengno cah lanang2 maneh.




Dina iki Ujian Akhir Semester 1 diawiti ana ing SMAN 1 PACE,bocah2 wiwit kelas 10 nganti kelas 12 isuk2 temen wes teko nang sekolahan.Kayadene kelas2 liane,kelas XII-MIA-4 yo wes podo mlebu ruangan ujiane dewe2.
"Piye wes podo sinau kabeh ta ki?"(Eli)
"Ywes ta,tapi nek ulangane angel piye yo nko"(Rara)
"Alah pokok awakedewe wes usaha maksimal,lan sing penting awedewe gak nyonto "(Lisa)
"Bener wi,penteng awedewe jujur.Hasile murni garapane awedewe"(Riri)
Ujug-ujug Pak Soni mlebu ing ruangan iku.
"Assalamualaikum Wr.Wb"(Pak Soni)
"Wa'alaikum Salam Wr.Wb(Cah Sakelas)
"Piye kabare anak2,sehat sedaya ta?"(Pak Soni)
"Ngeh,pak sehat"(Cah Sakelas)
"Leres,sakniki wayahe ulangan Matematika.Awas ojo cubo2 turunan,bapak bakal ngawasi mubeng supaya sampeyan kabeh ora iso turunan"(Pak Soni)
Banjur Pak Soni Mbagekne Soale..............
"Wes monggo ndang dikerjakano"(Pak Soni)
"Ngeh pak"(Cah Sakelas)
Ana ing pojok mburi Diar,Eka,Ferdi,Rizky,lan Fauzi podo bingung.Bocah 5 kuwi ra tau sinau gawe persiapan UAS iki.Dhek bengi Dheweke malah mabar sampek jam 12 bengi,Bocah 5 kuwi gak sempat sinau.
"Eh piye ki.Wong wi mubeng terus ae i"(Diar)
"Heeh i,ak ra sinau belas bar mabar ndekngi"(Fauzi)
"Podo Ak yoyo,alah tapi ben.Gak2 nek awedewe tinggal kelas "(Ferdi)
"Iyo tenang ae,panggah munggah-panggah munggah"(Rizky)
"Alah Weki kabeh cupumen ta,Rausah bingung.Soal garap ngawur ae,penteng mabar lossss"(Eka)



      2 Minggu sak wese Ujian Akhir Semester Pak Soni Selaku Wali Kelas XII-MIA-4 ngedumne raport murid2 te,pas wayahe jam terakhir dheweke awit ngedumne raport.
"Anak2 iki sing bapak gawa,raporte sampeyan kabeh.Saiki bapak bakal ngedumne raporte sampeyan kabeh"(Pak Soni)
Pak Soni ngedumne rapote murid2e siji2.Sak wuse kuwi bocah2 XII-MIA-4,banjur koyah dewe2 mbahas babagan hasil rapote.
"Eh,El piye hasile raportmu"(Riri)
"Alhamdulillah apik ri,rata2 bijiku 85nan.kajaba Penjaskes mbek Seni bijiku 75"(Eli)
"Wah apik wi,bijiku yo alhamdulillah 80an,khusus Matematika bijiku 90"(Riri)
"Wah pintermen awakmu ri,kene ak pengen ndelok raportmu(Lisa)
"Nyoh "(Riri)
"Eh,iyo eg.Bijine riri matematika 90,gak sio2 nek awakedewe kabeh sinau bareng.Hasile bijine awedewe kabeh podo apik2"(Lisa)
"Iyo bener kuwi ancene kabeh ki kudu soro disek,kayata jarene pepatah~Berakit-rakit kehulu,berenang-renang ke tepian.Bersakit-sakit dahulu,bersenang-senang kemudian~"(Eli)
"Iyo Alhamdulillah,pancen usaha gak bakal mblituki hasil"(Rara)
Bocah2 wedok podo sumrigah karo bijine sing katun apik2,ananging bocah lanang2 malah podo ngedumel karo bijine sing elek kabeh.
"Walah2,bijiku welek i.mosok MTKku oleh 70 tok,rata2 bijiku 75nan pas predikate C kajen"(Ferdi)
"Heeh i,Aku yoyo.Piye ya nko nek diseneni makku"(Rizky)
"Opo iki dipalsu ae,disetipo terus diganti bijine"(Fauzi)
"Wes2 gausah gak apik mblituk i wong tuwek.trimo opo eneke wae"(Diar)
"Iyo bener kuwi,gaopo bijine awedewe elek.penteng kudu menang lomba E-Sport Mobile Legend"(Eka)

ujug2 ketua osis ngumumne pengumuman penting ana ing kelas2.
"Assalamualaikum Wr,Wb.Pengumuman mas mbak kelas 12,kulo lan kanca2 osis sedaya nyuwun pangapunten engkang katah.Amargi lomba Mobile Legend online batal diadakne,Kepala Sekolah mboten nyetujoni rencana lomba niku.Sampun mas mbak sedoyo,pengumumane saking kulo.Wassalamualaikum Wr.Wb"(Ketua Osis )
"Lha kok iso,aku ra trimo.Ak lan kanca2ku wes latihan meh 2 wulan,nangpo kok dibatalne"(Eka)
"Mas nek sampeyan pengen protes teng ngene Kepala Sekolah,Osis namung Njalakne tugas mawon.Sampun mas mbak kulo bade ngumumne teng kelas2 liane maleh "(Ketua Osis)
Cah Lanang2 banjur kuacel kabeh,praupane podo inggah-inggih.Wes lombane batal dilakone,bijine UAS yo elek kabeh.ana ing Kedadeyan kuwi Eli lan Kanca2ne mituri Cah Lanang2.
"Makane ta,dadi wong ojo ngeyel.Wong ngeyel iku ra ono tombone"(Eli)
"Saiki sopo sing getun?Sopo sing rugi?"(Lisa)
"Iso saiki wm kabeh muni gaenek Zona baper2an,kyok biyen kae"(Rara)
"Makane dadi wong iku ojo keblinger,ilengo sing luweh utomo.Dadi pelajar tugas belajar ora malah mabar,saiki rasakno resikomu dewe"(Eli)
Kuwilah Ceritane Bocah2 XII-MIA-4,mugo2 cerita iki iso menehi pelajaran gawe awedewe kabeh.

Komentar

Postingan Populer